terangna kepriye carane nulis geguritan
B. Daerah
navinadila
Pertanyaan
terangna kepriye carane nulis geguritan
1 Jawaban
-
1. Jawaban xuexian05
1. Nentukake Tema
Ide bisa teka sawayah-wayah. Nentukakae ide bisa ana ing ngendi wae panggonane. Informasi lan pengalaman kudu bisa dikuatake supaya bisa dadi tema kang becik.
2. Ngubah Ide/ Tema dadi Geguritan
Sawise ide ketemu, ide mau kudu diolah lan dihayati. Umpana arep nggawe geguritan "Ibu", awake dhewe kudu bisa ngrasakake apa kang dirasake lan dikarepake ibu. Banjur, susun tembung-tembung supaya dadi geguritan kang edi lan enak diwaca.
3. Gaya Basa/ Majas
Nggawe geguritan mesti ora ninggalake majas. Majas kang digunakake bisa macam-macam ananging kang kerep yaiku majas personifikasi lan hiperbola.
a. Personifikasi
Tuladha: "Bagaskara wis ngancik ing gegana"
b. Hiperbola
Tuladha: "Hawa adem njengkut dadi anget"
4. Bait, Rima, lan Irama
Ana ing geguritan modern, bait, rima, lan irama ora pati digatekake. Ananging, luwih becik menawa bait, rima, lan irama bisa digatekake supaya geguritan kang digawe enak diwaca.
5. Dasanama, purwakanthi, lsp
Biyasane, ana ing geguritan, supaya nambah endahing isi, tembung-tembung kang dianggo migunakake dasanama, purwakanthi, lan kawruh basa liyane.