sejarah singkat Banyuwangi dalam bahasa jawa
B. Daerah
NugrohoWC
Pertanyaan
sejarah singkat Banyuwangi dalam bahasa jawa
1 Jawaban
-
1. Jawaban muharsyidakbar
Asal usul Banyuwangi dengan bahasa Jawa
Wonten ing jaman biyen ing panggenan ujung wetan Jawa Timur anggadahi kerajaan ageng ingkang dipun perintah dhumateng Raja ingkang adil saha wicaksana. Raja kasebut anggadahi putra ingkang gagah ingkang asmanipun Raden Banterang. Kesenengan Raden Banterang inggih punika beburon.
“enjang niki kula badhe beburon wonten hutan, siapaken gaman beburon” ngendikanipun Raden Banterang dhumateng para abdinipun. Sak sampunipun gaman beburon sampun siap, Raden Banterang kalian pengiringipun tindak wonten hutan.
Nalika Raden Banterang mlampah kyambekan, Raden Banterang mersani kijang mlampah wonten ngajengipun. Awak dewene enggal – enggal ngoyak kijang kasebut. Saengga mlebet wonten ing jero hutan, deweke kepisah kalian pengiringipun.
“wonten pundi kijang kijang nembe \”, ngendikanipun Raden Banteran nalika kelangan jejak buronanipun.
“badhe tak padosi terus dumugi angsa” tekadipun Raden Banterang nrobos semak – semak saha kekayonan hutan. Ananging hayawan buronan kasebut mboten saged dipun temukaken, deweke dugi wonten ing bengawan ingkang bening toyanipun. Raden Banterang ngunjuk toya bengawan kasebut dumugi ical ngelakipun. Sakderengipun ical ngelake, deweke ninggalake bengawan kasebut. Ananging nembe pirang jangkah Raden Banterang mlampah, Raden Banterang tetemu kalian lare estri ingkang ayu.
“ha ? Lare estri ingka ayu sanget? Nopo leres deweke manungsa nopo setan penunggu hutan?” tanglete Raden Banterang wonten ing atinipun. Raden Banterang wanikaken nyaketi lare estri niku
“sampean manungsa napa penunggu hutan ?” tanglet Raden Banterang.
“kula manungsa” wangsuli lare estri niku kalian mesem.
Raden Banterang ngenalake awak dewenipun. Lare estri niku wangsuli “kula Surati saking kerajaan Klungkung” “kulo wonten mriki amargi nyelametaken awak dewe kula saking serangan mungsuh. Romo kula sampun gugur wonten ing mempertahanaken mahkota kerajaan” jelasipun.
Mirengaken pangendikan lare estri punika, Raden Banterang kaget mersani derita putri Raja Klungkung niku, Raden Banterang enggal – enggal nulungi lan ngajak wangsul wonten keraton. Mboten dangu sateruse raden Banterang saha Surati nikah lan mbangun keluarga ingkan bahgia.
Wonten ing satunggaling dinten, putri Raja kalungkung tindakan kyambekan menyang njaba keraton,
“Surati !, Surati !”nyeluk tiyang jaler ingkang penganggonan compang – camping.
Sak sampunipun mersani rahi tiyang jaler punika, awak dewene nembe sadar, ingkang wonten ngajengipun inggih punika kakang kandungipun ingkang asmanipun Rupaksa. Maksud tekanipun Rupaksa inggih punika badhe ngajak adinipun supayane balas dendam, amargi Raden Banterang sampun mateni ayahandanipun. Surati nyeritakaken yen awak dewene badhe dipun nikahi Raden Banterang amargi sampun anggadahi utang budi. Surati mboten purun mbantu ajakan kakang kandungipun. Rupaksa nesu mirengaken wangsulan adinipun. Ananging, awak dewene sempet maringi kenangan arupa tali sirah dhumateng Surati
“Tali sirah niki kudu sampean simpen wonten ngandap panggenan tileme sampean” pesen Rupaksa.
Tetemuan Surati kalian Rupaksa mboten dipun mangertos dateng Raden Banterang, amargi Raden Banterang saweg beburon wonten hutan. Sak nalika Raden Banterang wonten ing tengah hutan, pandangan mripatipun dipun kagetaken dhumateng tekanipun tiyang jaler ingkang penganggonan compang – camping.
“Tuan kula, Raden Banterang, keselametan panjenengan saweg cilaka ingkang dipun rencanakaken dhumateng istri panjenengan kyambek” ngendikane tiyang jaler niku
“panjenengan saged mersani buktinipun, kelawan mersani tali sirah ingkang dipun simpen wontenngandap panggenan sare panjenengan. Tali sirah niku gadah tiyang jaler ingkang nyuwun pitulungan kangge mateni panjenengan” jelasipun.
Sak sampunipun ngendika, tiyang jaler punika ical secara misterius. Raden Banterang kaget mirengaken pangendikan tiyang jaler wau. Awak dewene enggal – enggal wangsul wonten keraton. Sak sampunipundugi keraton, raden Banterang enggal – enggal menyang wonten peraduan istrinipun. Dipun padosi tali sirah ingkang sampun dipun ceritakaken tiyanng jaler menika.
“Ha !, leres ngendikanipun tiang jaler wau! Tali sirah niki kangge bukti ! sampean damel rencana badhe mateni kula, kalian nyuwun pitulungan dhumateng tiyang ingkang anggadahi tali sirah niki” Ngarani Raden Banterang dhumateng